Introduction
Nawaksara is a collection of personal works related to culture, history, arts, and literature which were produced for the purpose of dedication and knowledge development.
Themes
Nusantara | Budaya | Tradisi | Sejarah | Seni | Sastra | Bahasa | Aksara | Manuskrip | Filsafat | Sofistik | Agama | Mistik | Kebatinan | Teknologi Informasi | Digitalisasi |
Supported By :
Intip ruang lain dulu ya !
Mimin masih mencari inspirasi
untuk mengisi konten di bagian sini
kalo ada ide, hubungi mimin pake tombol di bawah

NAWAKSARA.ID
Collection of personal works were produced for the purpose of dedication and knowledge development.Diakses Pada: 2026-10-17 06:06:43
Sumber : https://nawaksara.id/sastra/dongeng-kuwuk-macan/

Dongeng : Kuwuk Lan Macan
8 September 2021 | 2133 | By : Nawaksara
| DESKRIPSI NASKAH | ||
| Judul | : | Dongéng Sato Kéwan |
| Tipe | : | Terbitan |
| A / B | : | Jawa / Jawa Carakan |
| Bentuk | : | Gancaran |
| Fonta | : | Astaguru.ttf oleh Apri Nugroho & Diaz Nawaksara |
| Ikhtisar | : | Berisi cerita-cerita teladan yang dikemas dalam bentuk fabel atau dongeng dengan tokoh utama binatang, biasanya dibacakan untuk dongeng anak-anak. |
| ꧋ꦏꦸꦮꦸꦏ꧀ꦭꦤ꧀ꦩꦕꦤ꧀ꦠꦸꦠꦸꦭ꧀ | |
꧋ꦲꦤꦏꦸꦮꦸꦏ꧀ꦭꦸꦩꦏꦸꦏꦩ꧀ꦧꦶꦲꦩꦶꦏꦶꦂꦩꦶꦏꦶꦂ꧈ꦏꦸꦫꦁꦮꦶꦮꦺꦏꦔꦶꦔꦼꦠ꧀ꦠꦏꦺꦏꦶꦮꦠꦼꦔꦼꦤ꧀꧈ꦱꦤꦭꦶꦏꦥꦼꦔꦿꦱꦤꦺꦊꦩꦃꦲꦺꦲꦚ꧀ꦗꦼꦩ꧀ꦧ꧀ꦭꦺꦴꦁ꧈ꦏꦸꦮꦸꦏ꧀ꦏꦊꦧꦸꦲꦶꦁꦭꦸꦮꦼꦁ꧈ꦗꦼꦫꦺꦴꦤꦺꦮꦠꦫꦮꦺꦴꦭꦸꦁꦏꦏꦶ꧉ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦩꦼꦚ꧀ꦕꦺꦴꦭꦺꦴꦠ꧀ꦱꦫꦺꦴꦱꦤꦺ꧈ꦲꦤꦔꦶꦁꦲꦺꦴꦫꦩꦺꦴꦤ꧀ꦠꦿꦠꦼꦏꦤ꧀ꦲꦶꦁꦣꦸꦮꦸꦂ꧈ꦲꦤꦸꦭꦶꦲꦼꦤ꧀ꦠꦺꦏ꧀ꦲꦠꦶꦤꦺꦲꦚꦼꦏꦸꦏꦿꦸꦏ꧀꧈ꦱꦏꦶꦁꦒꦼꦠꦼꦂꦫꦺꦩꦫꦁꦥꦼꦥꦱ꧀ꦛꦺꦤ꧀ꦏꦁꦧꦏꦭ꧀ꦲꦤꦼꦏꦤꦶ꧈ꦏꦮꦼꦠꦸꦥꦱꦩ꧀ꦧꦠꦺꦲꦏꦺꦃꦲꦏꦺꦃ꧉꧋ꦲꦤꦸꦭꦶꦲꦤꦩꦕꦤ꧀ꦠꦸꦠꦸꦭ꧀ꦔꦿꦸꦤ꧀ꦒꦸꦥꦱꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦠꦺ꧉ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦲꦩꦫꦤ꧀ꦤꦶꦭꦸꦮꦼꦁꦲꦉꦥ꧀ꦮꦼꦫꦸꦃ꧉ꦏꦸꦮꦸꦏ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦭꦸꦏ꧀ꦠꦸꦭꦸꦁ꧈ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦔꦺ꧇ꦄꦏꦸꦠꦸꦭꦸꦔꦤ꧈ꦪꦺꦤ꧀ꦤꦺꦴꦫꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴ꧈ꦲꦩꦱ꧀ꦛꦶꦩꦠꦶ꧉ꦲꦶꦁꦱꦲꦶꦏꦶꦏꦺꦠꦺꦴꦏ꧀ꦤꦒꦮꦺꦩꦸꦩꦫꦁꦩꦶꦠꦿꦭꦮꦱ꧀꧉ |
|
| Ana kuwuk lumaku kambi amikir-mikir, kurang wiweka ngingêtake kiwa têngên, sanalika pêngrasane lêmahe anjêmblong, kuwuk kalêbu ing luwêng, jêrone watara wolung kaki. Banjur mêncolot sarosane, ananging ora măntra têkan ing dhuwur, anuli êntèk atine anyêkukruk. Saking gêtêre marang pêpasthèn kang bakal anêkani, kawêtu pasambate akèh-akèh. Anuli ana macan tutul ngrungu pasambate, enggal amarani luwêng arêp wêruh. Kuwuk anjaluk tulung, têmbunge: aku tulungana. Yèn ora mêngkono, amasthi mati. Ing saiki ketokna gawemu marang mitra lawas. | |
| ꧋ꦩꦕꦤ꧀ꦠꦸꦠꦸꦭ꧀ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦔꦺꦫꦁꦲꦼꦫꦁ꧈ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦔꦺ꧇ꦲꦺ꧈ꦲꦺ꧈ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦝꦥꦸꦂꦩꦸꦲꦤꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴ꧈ꦲꦩꦥꦶꦠꦶꦏ꧀꧈ꦄꦏꦸꦥꦱꦗꦤꦤ꧈ꦏꦥꦿꦶꦪꦺꦎꦭꦺꦃꦩꦸꦏꦺꦴꦁꦱꦶꦏꦼꦕꦼꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦸꦁꦏꦪꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴ꧉ꦲꦺꦴꦫꦗꦩꦏ꧀ꦭꦁꦏꦤꦺꦩꦤꦸꦏ꧀ꦏꦁꦏꦪꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦤꦲꦶꦁꦏꦸꦫꦸꦁꦔꦤ꧀꧈ꦏꦸꦮꦸꦏ꧀ꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧇ꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦶꦏꦸꦤꦺꦴꦫꦮꦼꦫꦸꦃꦲꦶꦁꦆꦱꦶꦤ꧀ꦈꦗꦂꦩꦸꦎꦫꦥꦿꦪꦺꦴꦒ꧈ꦲꦔꦸꦂꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦺꦁꦒꦭꦠꦼꦠꦸꦭꦸꦁ꧈ꦪꦺꦤ꧀ꦈꦮꦶꦱ꧀ꦔꦺꦫꦁꦲꦺꦫꦔ꧈ꦲꦶꦏꦸꦲꦤꦲꦸꦒꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦏꦺ꧉ | |
| Macan tutul banjur ngerang-erang, têmbunge: E.. e.. bêcik têmên dhapurmu ana ing kono, ama pitik. Aku pasajanana, kapriye olèhmu kongsi kêcêmplung kaya mêngkono. Ora jamak langkane manuk kang kaya kowe ana ing kurungan. Kuwuk amangsuli: kowe iku ora wêruh ing isin, ujarmu ora prayoga. Angur kowe enggala têtulung, yèn uwis ngerang-eranga, iku ana uga bêcike. | |
| ꧋ꦲꦼꦭꦶꦣ꧀ꦝꦶꦁꦣꦺꦴꦔꦺꦁ ꧇ ꦱꦶꦁꦱꦥꦄꦔꦺꦫꦁꦌꦫꦁꦩꦫꦁꦏꦱꦸꦱꦲꦤꦶꦁꦭꦶꦪꦤ꧀ꦆꦏꦸꦄꦤꦺꦭꦏꦏꦺꦄꦭꦤꦶꦁꦄꦠꦶꦤꦺ꧉ |
|
| Êliding dongèng mangkene: sing sapa angerang-erang marang kasusahaning liyan iku anelakake alaning atine. |
|
Tagar : Jawa
Turut andil menjaga warisan budaya Nusantara.
Suka dengan konten Nawaksara.id ? Kamu bisa memberikan dukungan dengan mentraktir kopi atau bagikan konten ini di media sosial.
PAGE LAYOUT
Atur halaman untuk mendapatkan hasil cetak atau file yang baik dan nyaman dibaca. Secara default file akan tercetak dengan ukuran A4
DESKTOP VIEW
Ukuran font yang direkomendasikan 12-18 pt
MOBILE VIEW
Ukuran font yang direkomendasikan 18-25 pt











